Sholla ‘alaikallohu ya adnani
Ya mustaffa yashofwatar rohmani
Yen ngaku santri wis samestine yo kudu ngaji
Yen oleh ilmu senajan shithik yo dilakoni
Mumpung isih ono kyai- ditlaten nggone ngaji
- mbesuk kanggo sangune mati
Yen pengen mulyo wis sak lumrahe gelem rekoso
Urip ning dunyo yen butuh arto kudu makaryo
Ora cukup sila-silo – rinowengi naming ndongo
– nyambut
gawea sing teso
Dadi wong islam yen ngaku iman kudu sembayang
Moco al-qur’an atie
padag uripe tenang
Agomo iku tuntunan- lakonono sing temenan
- supoyo oleh
kabejan
Yen pengen slamet dunyo akherat yo kudu sholat
Akeh badane genep nishobe yo kudu zakat
Sing maksiat ndang do tobat – diakehi nggone tho’at
–
mumpung nyowo durung oncat
Yen nggayu swargo urip no dunyo pado ngamalno
Senajan shithik nggone nglakoni yo di langgengno
Sing becik bakal ketitik- sing olo bakal ketoro
– gusti
Allah ora suloyo


Tidak ada komentar:
Posting Komentar